Serat
Kalatida
Wekasan negara sakniki sampun rurah, amargi
boten wonten ingkang saget dinut. Kabeh wong ninggalake aturan-aturan lan katut
kalih kalatida, saengga donya dados rubeda.
Ewadene
ing negara duwe raja, patih, anak buah, lan masyarakat ingkang becik, nanging
bilih namung manut jaman kala bendu boten saget dadi kabecikan malah marakake
ribet utawi rurah.
Sang
pujangga tangisira lan duhkita amargi dihina lan isin saking tata krama wong
ingkang ala. Wong-wong niku gawe sang pujangga dadi seneng nanging boten
wapada.
Namung amargi kabar angin, pemimpin dados
boten becik. Apa gunane dados pemimipin ? Namung gawe kaluputan lan menawi
nglali dados gawe karibatan.
Miturut buku Panitisastra, ing jaman
ingkang rurah iki, tiyang ingkang duwe budi luhung boten dinggo. Aja percaya
kalih kabar angin namung marakake nyusahake awake dewe.
Kaca benggala kanggo mbandingake ingkang
ala lan becik. Contoh-contohipun dados tiyang kudu sabar lan berserah diri
marang Gusti Allah.
Urip ing jaman edan iku ribet bilih boten
melu jaman dados keseksa, nanging sampun takdir Gusti. Ewadene tiyang ingkang
ala begja, nanging luwih begja tiyang ingkang becik.
Ana sing ngendika bilih apa wae namung
dados kekarepan ing ati. Nanging kenyataane ribet, sampun tuwa becike nyepi
supaya diampuni kalih Gusti.
Tiyang ingkang duwe iman ingkang kuat,
uripe mesti becik. Ewadene mesti diparingi rahmat, deweke tetep ikhtiar.
Menungsa
kudu ikhtiar utawa usaha lan milih dalan ingkang becik. Ikhtiar niku kudu awas
lan waspada supaya entuk rahmat saking Gusti.
Menawi dewekkke wis tuwa, dewekke boten
ngertos kudu kepiye. Dewekke namung saget nyuwun lan donga marang Gusti.
Dewekke kekarep supaya diparingi kesabaran
lan sentosa. Supaya saget ngilangake keribetan lan angkaramurka. Dewekke nyuwun
karunia supados diampuni marang Gusti.
1.
Amanat : Kita kudu nglakoni aturan-aturan ingkang
wontening donya iki supados donya iki boten rurah.
2.
Amanat : sak apik-apike negara menawi wong-wong (raja,
patih, anak buah, lan masyarakat) namung manut jaman ingkang rusak , negaranipun
melu rusak.
3.
Amanat : aja gawe wong duhkita amargi sikap kita. Niku
namung marakake wong liya dadi kuciwa.
4.
Amanat : Menawi dados pemimpin kudu aja gampang
percaya karo kabar ingkang boten temtu benere.
5.
Amanat : Kita kudu dadi wong ingkang duweni budi
ingkang luhung supados boten katut kalih jaman ingkang rurah.
6.
Amanat : Kita kudu isa bedakake ingkang ala lan becik
supaya saget dados tiyang ingkang becik.
7.
Amanat : dados tiyang ingkang ala niku begja nanging
luwih begja dados tiyang ingkang becik. Mula kita kudu dados tiyang ingkang
becik.
8.
Amanat : aja manud hawa nepsu ati. Luwih becik menawi
sampun tuwa nyepi supaya diampuni kalih Gusti.
9.
Amanat : Kita kudu ikhtiar ewadene kita sampun
diparingi sing kita karepke. Lan iman kita kudu kuat.
10. Amanat : sak derenge
nglakoni apa wae kita kudu ikhtiar. Kudu awas lan waspada lan banjur berserah
diri.
11. Amanat : kita kudu
dados tiyang ingkang becik supaya boten bingung kudu kepiye. Lan kudu donga
marang Gusti.
12.
Amanat : Kita kudu sabar nglakoni ing jaman edan supaya
boten katut utawi kena angkara murka.