Pages - Menu

Kamis, 12 November 2015

Sekaten Ngayogyakarta



SEKATEN ING NGAYOGYAKARTA
Sekaten utawi upacara Sekaten (saking tenbung Syahadatain) inggih menika adicara pengetan kelairan nabi Muhammad S.A.W. ingkang diwontenaken saben tanggal 5 wulan Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Ngayogyakarta (lan ing alun-alun Surakarta kanthi bebarengan). Upacara niki  dinggo Sultan Hamengkubuwana I, inggih menika sing gawe (pendirinipun) keraton Yogyakarta kangge nyebaraken agama Islam.
Ing dinten satunggal, upacara diwiwiti  saking bengi lan diiringi abdi Dalem (punggawa kraton) bebarengan kalihan kalih gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan niku kawiwit saking pendopo Ponconiti lajeng teng masjid Agung ing alun-alun lor lan dikawal prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo dipapanaken ing lor masjid Agung, menawi Kyai Gunturmadu dipapanaken ing Pagongan ing kidul masjid. Gamelan niku akan ditutuk kanthi sesarengan ngantos tanggal 11 wulan Mulud (7 dina). Ing bengi trakhir, gamelan niki digawa teng Kraton.
Grebeg Muludan
Adicara puncak pengetan Sekaten niki inggih menika Grebeg Muludan ingkang diwontenaken tanggal 12 (persis ing ulang tahunipun Nabi Muhammad S.A.W.) wiwit jam 8:00 enjing. Dikawal kalihan 10 macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, dan Bugis, Gunungan digawe saking beras ketan, panganan lan who-wohan lan sayur-sayuan terus digawa saking istana Kemandungan lewat Sitihinggil lan Pagelaran lajeng teng masjid Agung. Saksampune didongakaken Gunungan ingkang melambangaken kasejahteraan kerajaan Mataram niki didumke dumatheng masyarakat ingkang nganggep menawi babagan saking Gunungan niku gawa berkah kanggo deweke. Babagan saking Gunungan ingkang  dianggap sakral niki digawa bali lan ditandur ing sawah/ladang supaya sawah piyambakipun dados subur lan bebas saking bencana lan malapetaka.
Tumplak Wajik
Kalih dinten saderenge adicara Grebeg Muludan,  upacara Tumplak Wajik diwontenaken ing halaman istana Magangan  jam 16:00 sonten. Upacara niki awujud kotekan utawi lelagon nganggo kentongan, lumpang dingge numbuk padi, lan semacame dingge menandai wiwit saking kadamelan Gunungan ingkang  diarak wonten ing adicara Grebeg Muludan. Lagu-lagu ingkang  dimainaken wonten ing adicara Tumplak Wajik niku inggih menika lagu Jawa populer yaiku: Lompong Keli, Tundhung Setan, Owal awil,  utawa lagu-lagu rakyat liane.
Miturut salah satunggalipun abdi dalem kraton ingkang asmanipun M.W. Cermo Suprobo ing dusun seyegan, sekaten niku saking tembung Syahadatain nanging amargi ilate tiyang jawa lemes dados sekaten. Sekaten niku jaman riyen diwontenaken kangge ngempalaken para sunan lan nyebarake agama islam. Piyambakipun sampun dados abdi dalem saking taun 1973. Piya,bakipun dados abdi dalem mesti jujur, tulus menawi namung golek kasugihan boten saged amargi pikantokipun pas-pasan. Penakipun dados abdi dalem inggih menika rasanipun ayem lan boten wonten gelane.
Miturut bapak M.W. Cermo Suprobo sekaten rumiyen kalih sakniki benten, ventenipun inggih menika menawi jaman sakmenika masyarakatipun akeh lan ngangge rasa menawi nonton sekaten utawi grebeg, menawi sakniki masyarakat gumun lan biasa mawon menawi delok sekaten. Sekaten wonten bangsal-bangsal, inggih menika : proboyeksa, kencana, sedahan, kasatrian, trajumas, sri penganti, magangan, witono, ponconiti, lsp. Jaman riyen ngarak gunungan nganggo gajah, menawi sakniki mlampah. Grebeg mulud diwontenaken 12 mulud saking enjing lan dikawal kalihan 10 prajurit, inggih menika : Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, dan Bugis. Ing kraton wonten kalenggahan, urutanipun inggih menika : magang jajar, bekel enom, bekel tuwa, lurah, kliwon, wedana, kliwon, KRT (kanjeng raden tumenggung), riya, bupati, anom, bupati.
            Miturut salah satunggal pedagang ing sekaten ingkang asmanipun Suratiyah aslinipun gamping, piyambakipun sampun dagang menawi teng sekaten wiwit taun 2000. Sekaten biasanipun rame sawektu minggu ndalu lan setu ndalu. Pikantukipun sedinten boten mesti,  namung cekap kangge gesang sedintenipun. Sekaten rumiyen kalihan sakniki benten, amargi langkung rame rumiyin tinimbang sakmenika margi kathah jawah dados sepi. Ing sekaten wonten pamundhutan arta (reteibusi) Rp 500.000,00 setunggal wulan wonten ing wulan sekaten.
 Mas kang gadhah nami Dwi Yoso Nugraha menika nengga STAN . Mas saking Madiun nyariosaken menawi Tugu Ngayogyakarta dipunsebat pusat central tlatah Ngayogyakarta lan dipameraken wonten sekaten . Mas Dwi  sampun nderekaken Kabupaten menika kaping kalih . Mas Dwi nyariosaken menawi nampinipun masyarakat dumatheng kerajinan menika sae , bebas , lan kathah wisatawan sanes negari ingkang nujubprono . Mas Dwi gadah remen lan duka yaiku bungah lan sayah . Kagem Mas Dwi Yoso kedah sabar lan mugo kasil sukses .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar