Ojo Delok Saking Fisike
Saking: Feri Osa harwanto/04/XI IPA2
Esuk kuwi srengenge
padang banget
cemlrot nembus jendela, aku banjur tangi lan buka jendela. Hawa esuk kuwi seger
banget, manuk-manuk padha mabur rana-rene saka wit siji ning wit liya. Pithik
jago padha kluruk mitanda yen wayah wis
esuk. Tetes embun ing pucuk godong wit-witan lan suket ingkang ijo royo-royo,
nambahake rasa seger, ayem, tentrem khas kalih desa kula. Bapak-bapak lan
ibu-ibu padha mlaku menyang ing sawah utawa tegale. Masyarkat desa kula
kathah-kathahipun dados petani.
Esuk-esuk aku wis krungu glodak gluduk
suara Pakde Wir tanggaku ing desa ingkang lagi makoni kayu lan gawe kursi. Seka
perawaakane wis
isa di delok menawi dewekke inggih menika tukang kayu utawi meubel lan tukang
bangunan. Awake gedhe dhuwur gagah, otot mengkal, tatapan mripate landhep kaya
manuk elang mula akeh bocah cilik wedi karo Pakde Wir. Ora mung bocah cilik,
wong tuwa akeh sing wedi karo Pakde Wir. Krungu-krungu amargi Pakde Wir pas
enome seneng ngombe miras, judi, lan sok gelut kalih pemuda-pemuda. Pakde Wir namung
urip dewe, dewekke ora duwe bojo lan anak. Biyen Pakde Wir duwe bojo lan anak,
nanging bojone wafat pas nglairake anakke lan anakke di pek kalihan mertuwane
Pakde Wir. “wahh… mesakke tenan Pakde Wir urip dewe lan akeh wong ngadoh karo dewekke”
batinku sinambi geleng-geleng lan ngampet wedi.
Seka adoh krungu
wong jelukake jenengku. Saya suwi saya seru, kula banjur mlumpat saking kasur
lan langsung mara. Jebulane Kanjeng Mami ingkang nembe ngumbah-umbah klambi,
njaluk tulung nimbakake banyu.
“timbakke lima ember nang..”
“nggih bu… wah
esuk-esuk wis
olah raga ki , hehe..” wangsul kula geguyon kalih kanjeng mami.
“ha iyo to nang ,
wong jaka kok esuk-esuk urung tangi urung rewangi wong tuwane. Prawan-prawan piye
arep padha seneng ?” kanjeng mami takon karo nyindir-nyindir.
Kula banjur
mesam-mesem lan namung guyu kalih ngampet isin.
Saksampune ngrewangi kanjeng mami, kula banjur teng ruang tamu maem
pisang goreng lan ngombe teh anget. Aku ndelok wonten ing kursi jejerku, ning
kono ono koran lan banjur kula waca. Berita wonten ing koran nyeritakaken
babagan kriminalitas (pembunuhan, maling, narkoba, judi lan omben miras. Aku
banjur dadi kelingan karo Pakde Wir, seret rasane gulu iki ngelek pisang
goreng. Wedi lan nesakke dados siji
menawi kelingan kalihan Pakde Wir, bulu kudu ngadek sikil ngewel ora isa ngadek
jejek. Ing jero ati cilikku aku pengen banget kenal kalihan Pakde Wir, amargi
kula boten percaya menawi Pakde Wir kuwi
wong ora becik.
Tekat sampun kula
dadosaken, lawang omah kula buka. Banjur kula mlaku ning ngarep omahe Pakde
Wir, lawang omahe Pakde Wir tak dok-dok.
Nanging boten wonten wong sing bukakake. Kaca jendela omah tak demok, reget
banget bleduk padha nempel ning tanganku. Nambahake rasa ngenes lan mesakake
karo Pakde Wir. Ora nganggo suwi aku langsung ngresiki omah, pancen ora akeh
sing tak resiki amargi aku duwe alergi bleduk. Ora sengaja aku nemukake foto
keluargane Pakde Wir, ana bojone lan keluarga liyane. Amargi ra kuat kalih
bleduk, aku banjur langsung mlayu metu saka omahe Pakde Wir.
Sedina kuwi omahe
Pakde Wir suwung, tak delok saka jemdela kamarku boten wonten wong ning omah
kuwi.
“wah.. omahe suwung banget bu, Pakde Wir ning ngendi tho
bu ?” takonku karo kanjeng mami.
“lagi ning sawah paling nang, lha ngapa to nang ?”
“boten napa-napa kok bu, naming kok tumben omahe Pakde
Wir suwung ra krungu dewekke glodak-gluduk gawe pakaryan.”
Kula bamjur menyang ning sawah. Sawah ning desa kula
apik amarga tesih ijo royo-royo. Banyu sumilir ngalir lewat kalen-kalen cilik
ning pinggir dalan setapak, dadi kelingan biyen pas isih cilik senengane dolan
ning sawah. Biyen kula lan kanca-kanca seneng mincing lan kadang kala gawe
prahu nganggo gedebok pisang. Lan yen ngeleh biasanipun baker iwak ning pinggir
kali.
Saka adoh kethok bapak-bapak lagi macul, banjur kula
cedhaki. Jebule bapak niku inggih menika Pakde Wir. Dek-dekan rasane kala niku,
sikilku aboy banget mlangkah maju. Kula banjur tak wani-wanike.
“hehh le, ngapa kowe neng kono !” takone PakdeWir
sinambi macul.
“boten napa-napa pak.” Wangsul kula
Sikilku dadi ndredek, metu keringat dingin lan banjur
dadi pengen nguyoh. Pakde Wir nerusake macule, keringet kemucur saking awake.
Kala niku wayah awan, srengenge panas banget nanging Pakde Wir tetep
nglanjuaken padamelane.
Kula banjur ning sawah nggone simbahku, ning kana ana
wit krambil. Panas, sumuk, gulu garing hawa ne pengen ngombe sing seger-seger. Kula
banjur menek wit krambil iku, pancen dhuiwur wit kuwi nanging ora napa-napa
sing penting isa ngilangake rasa ngelak. Saka dhuwur aku isa delok pemandangan
ning sekitare sawah. Meneh, aku weruh PakdeWir nembe wangsul saking sawahe.
Kula banjur mudun lan ngetutke Pakde Wir. Kurang luwih jarak sepuluh meter kula
wonten ing burine Pakde WIr. Pakde Wir mandek, kula banjur delik. Ternyata
Pakde Wir arep ngewangi simbah-simbah ingkang nembe ngangkat kayu dinggo
perapian.
“menapa saget kula ngewangi jenengan mbah ?” takone
Pakde Wir ingkang arep ngewangi simbah.
“iyo mas, kene ewangi ngangkat kayu mas.” Wangsulane
simbah sinambi nggeget-nggeget susur.
Pakde Wir banjur ngewangi ngangkat keyu, rupan Pakde Wir
pancen sangar nanging ning buri saking
kuwi dewekke duwe kepribadian ingkang sae. Sanajan to dewekke kuwi mantan napi
lan biyen pas enome dugal, duwe ati ingkang sae marang wong liya. Aku nggumon
banget, ngapa kok Pakde Wir sing wong apik kaya ngono malah padha dimusuhi.
Pancen jaman wes jaman edan, wong elek kethok becik lan wong becik kethok elek
kaya Pakde Wir. Mula wiwit saiki aja delok saking fisike tok, nanging saking atine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar