Pages - Menu

Kamis, 12 November 2015

Serat Kalitida



Serat Kalatida
Wekasan negara sakniki sampun rurah, amargi boten wonten ingkang saget dinut. Kabeh wong ninggalake aturan-aturan lan katut kalih kalatida, saengga donya dados rubeda.
Ewadene ing negara duwe raja, patih, anak buah, lan masyarakat ingkang becik, nanging bilih namung manut jaman kala bendu boten saget dadi kabecikan malah marakake ribet utawi rurah.
Sang pujangga tangisira lan duhkita amargi dihina lan isin saking tata krama wong ingkang ala. Wong-wong niku gawe sang pujangga dadi seneng nanging boten wapada.
Namung amargi kabar angin, pemimpin dados boten becik. Apa gunane dados pemimipin ? Namung gawe kaluputan lan menawi nglali dados gawe karibatan.
Miturut buku Panitisastra, ing jaman ingkang rurah iki, tiyang ingkang duwe budi luhung boten dinggo. Aja percaya kalih kabar angin namung marakake nyusahake awake dewe.
Kaca benggala kanggo mbandingake ingkang ala lan becik. Contoh-contohipun dados tiyang kudu sabar lan berserah diri marang Gusti Allah.
Urip ing jaman edan iku ribet bilih boten melu jaman dados keseksa, nanging sampun takdir Gusti. Ewadene tiyang ingkang ala begja, nanging luwih begja tiyang ingkang becik.
Ana sing ngendika bilih apa wae namung dados kekarepan ing ati. Nanging kenyataane ribet, sampun tuwa becike nyepi supaya diampuni kalih Gusti.

Tiyang ingkang duwe iman ingkang kuat, uripe mesti becik. Ewadene mesti diparingi rahmat, deweke tetep ikhtiar.
Menungsa kudu ikhtiar utawa usaha lan milih dalan ingkang becik. Ikhtiar niku kudu awas lan waspada supaya entuk rahmat saking Gusti.
Menawi dewekkke wis tuwa, dewekke boten ngertos kudu kepiye. Dewekke namung saget nyuwun lan donga marang Gusti.
Dewekke kekarep supaya diparingi kesabaran lan sentosa. Supaya saget ngilangake keribetan lan angkaramurka. Dewekke nyuwun karunia supados diampuni marang Gusti.

1.      Amanat : Kita kudu nglakoni aturan-aturan ingkang wontening donya iki supados donya iki boten rurah.
2.      Amanat : sak apik-apike negara menawi wong-wong (raja, patih, anak buah, lan masyarakat) namung manut jaman ingkang rusak , negaranipun melu rusak.
3.      Amanat : aja gawe wong duhkita amargi sikap kita. Niku namung marakake wong liya dadi kuciwa.
4.      Amanat : Menawi dados pemimpin kudu aja gampang percaya karo kabar ingkang boten temtu benere.
5.      Amanat : Kita kudu dadi wong ingkang duweni budi ingkang luhung supados boten katut kalih jaman ingkang rurah.
6.      Amanat : Kita kudu isa bedakake ingkang ala lan becik supaya saget dados tiyang ingkang becik.
7.      Amanat : dados tiyang ingkang ala niku begja nanging luwih begja dados tiyang ingkang becik. Mula kita kudu dados tiyang ingkang becik.
8.      Amanat : aja manud hawa nepsu ati. Luwih becik menawi sampun tuwa nyepi supaya diampuni kalih Gusti.
9.      Amanat : Kita kudu ikhtiar ewadene kita sampun diparingi sing kita karepke. Lan iman kita kudu kuat.
10.  Amanat : sak derenge nglakoni apa wae kita kudu ikhtiar. Kudu awas lan waspada lan banjur berserah diri.
11.  Amanat : kita kudu dados tiyang ingkang becik supaya boten bingung kudu kepiye. Lan kudu donga marang Gusti.
12.  Amanat : Kita kudu sabar nglakoni ing jaman edan supaya boten katut utawi kena angkara murka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar