Pages - Menu

Kamis, 12 November 2015

Tata Rias Penganten Gaya Ngayogyakarta



Tata Rias Penganten Gaya Ngayogyakarta wonten maneka warna corak, tepate wonten gangsal corak. Gangsal corak menika dibedaaken kaleh fungsi, rupa busana lan tata riasipun ingkang gadahi ciri ingkang benten sedaya. Corak menika wonten Corak Paes Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Corak Yogya Putri, Kesatriyan Ageng, lan Corak Kesatriyan. Munculipun maneka warna corak lan tata rias penganten gaya ngayogyakarta awale saking lingkungan para Priagung. Priagung asalipun saking tembung Priyayi ingkang artinipun tiyang ingkang asalipun saking sedulur keraton utawi lapisan masyarakat ingkang gadahi kadudukan ingkang dhuwur. Fungisinipun saben corak menika beda, nanging samenika fungsinipun boten dilaksanaaken kanthi tenanan. Menika kemawon macemipun Tata Rias gaya Ngayogyakarta :
1.    Corak Paes Ageng atau Kebesaran
Diagem nalika upacara panggih penganten ingkang dikaitaken kaliyan adicara resepsi. Busana ingkang diagem inggih menika dodot utawi kampuh lengkap kaliyan perhiasan khususipun.
2.    Corak Paes Ageng Jangan Menir
Diagem kangge upacara boyongan penganten putri katuju dalemipun penganten kakung ingkang dipun lkasanaaken setunggal dinten sewengi salebaripun adicara akad nikah. Busana ingkang dipun agem inggih punika klambi blenggen utawi bordiran, saengga boten ngginaaken kampuh/dodot.
3.    Corak Yogya Putri
Diagem nalika ngundhuh mantu ingkang kalaksanaaken nalika sepasaran. Biasanipun kasebat ngundhuh sepasaran, busana ingkang dipun agem inggih punika ageman panjang bordiran, kain pradan lan selop bordiran.
4.    Corak Kesatriyan Ageng
Corak menika saget kaginaaken kangge ngundhuh sepasaran. Busana ingkang dipun agem inggih menika ageman panjang ingkang kadamel saking kain sutera kembang utawi polos, lan selop polos warnanipun cemeng.
5.    Corak Kesatriyan
Corak kesatriyan diagem kangge busana penganten ingkang sederhana. Busana ingkang dipun agem inggih punika kebaya panjang lan selop polos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar